Dynamic Blinkie Text Generator at TextSpace.net

Sabtu, 10 Desember 2011

SERAT WEDHATAMA


Karya : Mangkunegara IV
PUPUH I
P A N G K U R
Mingkar-mingkuring ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah Jawa, agama ageming aji.
Jinejer ing Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi,mangka nadyan tuwa pikun, yen tan mikani rasa, yekti sepi sepa lir sepah asamun,samasane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi.
Nggugu karsane priyangga, nora nganggo peparah lamun angling,lumuh ingaran balilu, uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun samudana, sesadoning adu manis .
Si pengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar angendukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang sipingging.
Mangkono ilmu kang

WAYANG KULIT


SACLERAMAN WAYANG KULIT
Wayang Kulit iku sajinising pagelaran wayang sing nrapaké bonékah-bonékah saka kulit. Jinis wayang iki kang paling disenengi ing tlatah Tanah Jawa. Wayang iki digawe seka kulit kang ditatah lan dientha kaya déné manungsa. Umumé wayang kulit nggunaake lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama, perjuwangan, lan maneka warna crita liyané.
Wayang kulit dimainké ing layar putih kang sinebut kelir. Dene wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog lan ana ing sisih tengen lan kiwa dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal