Dynamic Blinkie Text Generator at TextSpace.net

Sabtu, 10 Desember 2011

WAYANG KULIT


SACLERAMAN WAYANG KULIT
Wayang Kulit iku sajinising pagelaran wayang sing nrapaké bonékah-bonékah saka kulit. Jinis wayang iki kang paling disenengi ing tlatah Tanah Jawa. Wayang iki digawe seka kulit kang ditatah lan dientha kaya déné manungsa. Umumé wayang kulit nggunaake lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama, perjuwangan, lan maneka warna crita liyané.
Wayang kulit dimainké ing layar putih kang sinebut kelir. Dene wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog lan ana ing sisih tengen lan kiwa dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal
7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.
Uba rampe pagelaran wayang:
a.       Cempala          : thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon.
b.      Kelir                : layar putih kang dibeber kanggo mainke wayang.
c.       Blencong         : Senthir kanggo gawe wewayangan, ing jaman saiki ana kalane senthir disulih nganggo petromax utawa lampu listrik.
d.      Kepyak            : digawe seka kuningan kanggo iringane dhalang.
e.       Kothak                        : wadhah wayang lan kanggo dithuthuk Cempala Gedebog/debog : kanggo tancepan wayang.
f.       Gamelan          : kanggo ngiringi pagelaran.
GUNUNGAN (KAYON)
Kayon utawa gunungan yaiku salah sawijining wayang kang wujude lancip kaya gunung, ana gambare wit-witan kang njerone akeh sato kewan kayata macan, banteng, kethek, merak lan sapanunggalane. Ing ngisore gambar wit-witan mau ana gambar gapura kang wujude omah joglo, kang ing sisih kiwa lan tengene ana patung butane. Ing sawalike gunungan iki ana gambare geni lan makara/banaspati.
Kayon utawa gunungan iki biasane dinggo mbukak utawa nutup pagelaran wayang. Kajaba kui, kanggo nggambarake swasana utawa kahanan, swasana alas, gunung, geni, prahara angin, banyu utawa segara, pangaribawane aji japa mantra, molah malihe swasana. Gunungan iki uga bisa kanggo pratandha gantine adhegan, gantine pathet, lan sapanunggalane.

Abiyasa
Begawan Abiyasa yaiku pendhita ana ing Pertapan Saptaharga. Sadurunge dadi Pendhita, Begawan Abiyasa dadi Raja ana ing Ngastina.  Banjur Kraton Ngastina diparingake marang putrane kang aran Prabu Pandhu Dewanata. Begawan Abiyasa kagungan putra 3, yaiku:
1.      Dhestharastra
2.      Pandhu Dewanata
3.      Yamawidura
Abimanyu
Raden Abimanyu yaiku salah sawijining satriya ing Negara Amarta. Raden Abimanyu iku putrane Raden Arjuna lan Dewi Wara Sumbadra. Raden Abimanyu kagungan putra kang aran Raden Parikesit.
Adirata
Adirata yaiku salah sawijining pekathik (kusir) ing Negara Ngastina. Adirata dumunung ana ing Pethaprelaya. Adirata uga dadi bapak angkate Surya Atmaja (Adipati Karna).
Anggada
Anggada iku salah sawijining wanara (kethek) Putrane Begawan Subali lan Dewi Tara. Anggada diopeni dening adhine Begawan Subali kang aran Narpati Sugriwa, dumunung ana ing gua Kiskendha.
Anila
Anila uga awujud wanara (kethek) kang wernane biru. Anila putrane Bethara Narada, kang digawe saka godhong nokila. Anila ngabdi marang Prabu Ramawijaya lan diangkat dadi patihe.
Anjani
Anjani putrane Resi Gotama lan Bathari Indrati. Anjani awujud wanara (kethek) amarga kesalahane Ibune lan Bathara Surya.
Anoman
Anoman iku putrane Dewi Anjani. Anoman awujud kethek wernane putih. Padhepokane ana Ing Gunung Kendhalisada. Anoman nate dadi senopatine Prabu Ramawijaya nalikane mbedhah Negara Ngalengka mungsuh Prabu Rahwana sawadyabalane. Anoman duweni Ajian Sepi Angin.
Antaboga
Antaboga iku salah sawijining dewa kang dumunung ana ing njero bumi lapis pitu kang aran Kayangan Saptapretala. Antaboga iku dewa ula, mulane kala mangsane isa malih rupa dadi wujud naga kang gedhe. Antaboga duwe garwa Dewi Supertah lan duwe putra loro cacahe, Dewi Nagagini lan Bambang Nagatatmala.
Antareja
Antareja putrane Raden Werkudara lan
Dewi Nagagini. Antareja salah sawijining satriya ing Ngamarta. Antareja duwe gaman ilat, kang yen saumpamane dinggo ngilat sikile dhewe bakalan mati.
Arimbi
Arimbi putrane Prabu Tremboko, adhine Prabu Arimba. Arimbi garwane Bratasena (Raden Werkudara). Arimbi duwe putra Raden Gathutkaca, satriya ing Pringgondani.
Arjuna (Janaka)
Arjuna iku satriya in Mandura. Putra nomer telune Prabu Pandhudewanata lan Dewi Kunthi. Arjuna salah sawijining golongan Pandhawa kang duweni gaman Keris Pulanggeni, panah Pasopati, panah Sarotama, keris Kalanadhah, panah Jaya Pamungkas lan sapanunggalane.
Aswatama
Aswatama putrane Begawan Durna lan Bethari Wilutama. Aswatama suwita marang Prabu Duryudana ing Ngastina. Aswatama duwe pusaka kang aran Cundhamanik, peparinge sang ibu dewi Wilutama. Aswatama mati nalikane perang Bharatayuda kena gaman Pasopati kang dipasang ana ing sikile bayi Parikesit.
Baladewa
Prabu Baladewa iku ratu ing Negara Mandura. Prabu Baladewa duwe gaman kang aran Alugara, Nenggala lan duwe Gajah Putih aran Kyai Puspadenta.
Bambang Irawan
Bambang Irawan iku salah sawijining putrane Raden Janaka karo Dewi Ulupi. Garwane Bambang Irawan yaiku Dewi Titisari, putrine Prabu Kresna. Bambang Irawan nate dadi ratu ajejuluk Prabu Gambiranom.
Banuwati
Dewi Banuwati iku putrane Prabu Salya, ratu ing Mandaraka. Dewi Banuwati garwane Prabu Duryudana. Banuwati dipateni dening Bambang Aswatama.
Basukarna
Narpati Basukarna putrane Dewa Surya lan Dewi Kunthitalibrata. Saktenane Basukarna iku sedulure para Pandhawa, nanging dheweke ora gelem dadi siji karo sedulur-sedulure ing Pandhawa, malah ngabdi marang Prabu Duryudana ing Ngastina.
Bathara Guru (Sang Hyang Manikmaya)
Bathara Guru putrane Sang Hyang Tunggal lan Dewi Rekatawati. Sedulure yaiku Sang Hyang Ismaya lan Sang Hyang Antaga. Bathara Guru duwe garwa loro, yaiku Dewi Umayi lan Dewi Umaparwati.
Bathara Kala
Putrane Bathara Guru kang dumadi saka Kamane Bathara Guru kang tiba ana ing segara. Bathara Kala banjur munggah lan gawe kisruh ana ing Kahyangan Suralaya. Bathara Kala banjur diakoni anak dening Bathara Guru.
Bima
Bima utawa Werkudara utawa Bratasena iku putrane Prabu Pandudewanata lan Dewi Kunthitalibrata. Ksatria Pandhawa kang nomer loro sawise Prabu Puntadewa. Duwe gaman kang aran Kuku Pancanaka lan Gada Rujakpala.
Bathara Kamajaya
Bathara Kamajaya putrane Syang Hyang Ismaya (Semar). Papane ana ing Kayangan Cakrakembang. Garwane asma Bethari Kamaratih. Gamane arupa Kemayan Cakrakembang.
Dasamuka
Prabu Dasamuka uga duwe asma Prabu Rahwana Raja. Putrane Begawan Wisrawa lan Dewi Sukesi. Duwe watak angkara murka lan seneng tumindak ala marang kawulane. Gamane aran Aji-aji Pancasona, ora bakalan tumeka ing pati yen isih napak lemah. Prabu Dasamuka mati kena panah Gunawijaya, kagungane Prabu Ramawijaya.
Dasarata
Prabu Dasarata ratu ing Negara Ayodya. Prabu Dasarata duwe garwa telu, yaiku Dewi Raghu, Dewi Sumitra lan Dewi Kekayi. Duwe putra papat, yaiku Ramawijaya, Lesmana Murdaka, Barata lan Santrugna.
Destarastra
Prabu Destarastra putrane Begawan Abyasa. Prabu Destarastra mripate wuta. Prabu Destarastra nate dadi Ratu ing Astina, nanging amarga diapusi dening Patih Sengkuni, banjur Negara Astina dikuasani dening Prabu Duryudana. Prabu Destarastra duwe putra cacahe satus kang diarani Kurawa.
Drupada
Drupada iku ratu ing Pancala. Drupada asale saka Negara Atasangin banjur ngabdi marang Prabu Pandu ana ing Ngastina. Garwane yaiku Dewi Gandawati, putrine Prabu Gandabayu, ratu ing Pancala sakdurunge Prabu Drupada.
Drupadi
Dewi Drupadi iku Putrane Prabu Drupada sing dumadi saka geni. Dewi Drupadi dumadine saka geni amarga rikala semana Prabu Drupada nate duwe rasa serik marang Pandhita Durna, banjur Prabu Pancala sowan marang Resi Yoja lan Upayoja. Banjur nganakake sesaji Mertega Suci. Nalikane nganakake sesaji, saka tengahe geni metu bayi loro cacahe, lanang karo wadon. Sik lanang kang aran Drestajumna, besuk kang bakalan mateni Pandhita Durna, lan sing wadon ya Dewi Drupadi iki kang dadi mula bukane perang Bharatayuda.
Durga
Bethari Durga iku satemene widadari garwane Bethara Guru. Nanging amarga kesalahane Bethara Guru Lan Bethari Durga nalikane nunggang Lembu Andini, banjur Bethari Durga diucap dening Bethara Guru, malih rupa dadi wujud raseksi, ajejuluk Dewi Uma kang manggone ana ing alas Krendhawahana.
Durna
Pandhita Durna asale saka Negara Atasangin. Sawijining dina ketemu karo Resi Bhisma banjur diangkat dadi guru perang Pandhawa lan Kurawa. Pandhita Durna manggon ana ing Pertapan Sokalima.
Duryudana
Prabu Duryudana iku putra mbarep Adipati Destarastra lan Dewi Gendari. Prabu Duryudana Duwe Patih kang aran Patih Sengkuni. Prabu Duryudana duweni watak daksia lan seneng tumindak ala marang kadange dhewe, yaiku para Pandhawa. Nanging nalikane perang Bharatayuda, Duryadana kalah perang tandhing karo Werkudara, pupu kiwane kena Gada Rujakpala.
Gareng
Gareng iku salah sawijining anake Semar. Nalagareng duwe teges ati kang garing. Gareng nate dadi ratu ana ing Negara Parang Gumiwang kang ajejuluk Prabu Pandhubergola.
Gathutkaca
Gathutkaca satriya ing Pringgondani. Raden Gathutkaca iku putrane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi. Gathutkaca duwe garwa kang asma Dewi Pergiwa, putrine Raden Janaka. Raden Gathutkaca gugur ana ing perang Bharatayuda kena panah Kuntawijayadanu duweke Adipati Karna.
Gunawan Wibisana
Gunawan Wibisana iku putrane Begawan Wisrawa karo Dewi Sukesi. Garwane asma Bethari Tri Wati lan duwe putra Raden Denta Wilukrama lan Dewi Trijatha. Raden Wibisana uga kasebut Satriya balik amarga deweke wani nglawan angkara murka kadang sepuhe, yaiku Prabu Dasamuka. Raden Wibisana aweh pambiyantu marang Prabu Ramawijaya, mula banjur diparingi kraton Singgelapura.
Indra
Bethara Indra iku putrane Bethara Guru kang manggon ana ing Kahyangan Indrabawana. Garwane yaiku Dewi Wiyati lan duwe putra pitu, yaiku Dewi Tara, Dewi Tari, Bethara Citrarata, Citragana, Jayantaka, Harjunawangsa, lan Bethara Harjunawinonga.
Janaka
Prabu Janaka iku raja ing Manthili. Sawijining dina, nalikane Prabu Janaka tapa ana ing pinggir kali, panjenengane weruh ana bungkusan kang wujud kupat gedhe kang keli ana ing kali mau. Banjur dijupuk lan dibukak karo Prabu Janaka. Jebulane isine bayi wadon, banjur diparingi nama Dewi Sinta kang besuk bakal dadi garwane Prabu Ramawijaya.
Kakrasana
Raden Kakrasana iku putrane Prabu Basudewa, raja ing Negara Mandura. Raden Kakrasana duwe gaman yaiku Nenggala lan Alugara, sarta duwe gajah paringane dewa kang aran Kyai Puspadenta. Kakrasana ngganti kalungguhane Prabu Basudewa, nata ing Negara Mandura kanthi asma Prabu Baladewa.
Kekayi
Dewi kekayi iku garwane Prabu Dasarata, ratu in Negara Ayodyapala. Dewi Kekayi gelem dadi garwane Prabu Dasarata kanthi syarat besuk putrane kang bakalan ngganti kalungguhane Prabu Dasarata ana ing Ayodya. Banjur lair Raden Barata kang wasana klakon ngganti kalungguhane Prabu Dasarata ana ing Ayodya kanthi palilah saka Prabu Ramawijaya.
Kresna
Prabu Kresna iku putrane Prabu Basudewa, ratu ing Mandura. Prabu Kresna iku titisane Bethara Wisnu, mula duweni watak adil lan wicaksana. Prabu Kresna duwe garwa papat, yaiku Jembawati, Rukmini, Setyaboma lan Bethari Pertiwi. Prabu Kresna duwe gaman kang sinebut Cakra lan Kembang Wijayakusuma.
Kumbakarna
Kumbakarna iku adhine Prabu Dasamuka/Rahwana. Kumbakarna putrane Begawan Wisrawa lan Dewi Sukesi. Sanadyan adhine Prabu Dasamuka, nanging Kumbakarna duwe watak satriya. Nalikane Prabu Dasamuka nggawa mlayu Dewi Sinta, Kumbakarna tansah ngelingake kadang sepuhe supaya mbalekake Dewi Sinta marang Prabu Ramawijaya. Nanging Prabu Dasamuka ora gelem, malah Kumbakarna diseneni dening Dasamuka. Banjur Kumbakarna tapa ana ing Gunung Gohkarna. Nalikane ana peperangan antarane Prabu Ramawijaya lan Prabu Dasamuka ana ing Ngalengka, Kumbakarna melu perang lan gugur mbela negarane dhewe.
Kunthi
Dewi Kunthi iku salah sawijining garwane Prabu Pandhudewanata. Nanging sadurunge dadi garwane Prabu Pandhu, Dewi Kunthi nate mbobot amarga ajian Kuntawekasing tunggal tanpa lawanan saka Bethara Surya, banjur lair bayi saka kupinge Dewi Kunthi kang diparingi nama Suryatmaja (Karna) banjur dibuang ana ing kali Yamuna. Sawise dadi garwane Prabu Pandhdewanata, Dewi Kunthi duwe putra telu, yaiku Puntadewa, Werkudara, lan Janaka.
Madrim
Dewi Madrim iku garwa nomer lorone Prabu Pandhudewanata. Dewi Madrim putrane Prabu Salya lan Dewi Setyawati. Dewi Madrim duwe putra loro kembar, yaiku Nakula lan Sadewa.
Nakula
Nakula iku putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Nakula duwe garwa kang nama Endang Soka. Nakula manggon ana ing Kesatriyan Sawojajar.
Narada
Bethara Narada nalikane isih timur/enom duwe jeneng Bambang Kanekaputra. Kanekaputra duwe karep kepengin nguasani kahyangan Suralaya. Nanging dening Bethara Guru, Kanekaputra diwenehi syarat bisa nguasani Kahyangan Suralaya yen bisa mangan pelem Pertangga Jiwa, nanging Bethara Narada ora kuat nahan rasa kecute pelem mau, banjur Narada mung dadi Patih. Narada manggon ana ing Kahyangan Sidik Pangudal-udal.
Pandhu
Prabu Pandhu iku ratu ing Negara Ngastina, putrane Begawan Abiyasa lan Dewi Ambika. Prabu Pandhu umure ora dawa. Nalikane para putrane yaiku para Pandhawa isih cilik-cilik, Prabu Pandhu seda amarga kena kutukane Resi Kimindana.
Parikesit
Parikesit iku putrane Raden Abimanyu lan Dewi Utari. Parikesit ditinggal seda karo Raden Abimanyu nalikane isih ana ing guwa garbane ibu. Parikesit dadi raja ingkang pungkasan ana ing Negara Ngastina kanthi asma Prabu Parikesit utawa Prabu Paripurna.
Petruk
Petruk iku salah sawijining Punakawan. Jeneng asline yaiku Bambang Supatra. Ana ing pewayangan, Petruk lan Punakawan liane biasane metu ana ing gara-gara.
Puntadewa
Raden Puntadewa iku putrane Prabu Pandhudewanata lan Dewi Kunthi, putra pisanan Pandhawa. Raden Puntadewa duwe watak sabar lan lila legawa. Puntadewa uga disebut Yudhistira.
Sadewa
Sadewa iku sedulur kembare Nakula, putrane Prabu Pandhudewanata karo Dewi Madrim. Raden Sadewa duwe garwa Endang Pradapa lan duwe jeneng liya Raden Sudamala. Nalikane isih timur/cilik duwe jeneng Tangsen.
Sembadra
Dewi Wara Sembadra/Subadra iku putrane Prabu Basudewa lan Dewi Badrahini. Sawise dewasa digarwa dening Raden Janaka. Sembadra duwe putra Raden Abimanyu.
Sengkuni
Patih Sengkuni iku putrane Prabu Supala/Suwela, raja ing Negara Plasajenar/Plasakuning. Nalika isih timur/enom asma Raden Arya Suman. Patih Sengkuni duwe watak seneng adu-adu antarane Pandhawa lan Kurawa. Wasana Patih Sengkuni mati dening Werkudara.
Shinta
Dewi Shinta iku putrane Raden Janaka. Sawijining dina, Raden Janaka nganakake sayembara, sing sapa bisa menthang busur panah ana ing Negara Manthili, bakal dadi garwane Dewi Shinta. Akeh raja kang ora bisa menthang busur panah mau, nanging Prabu Ramawijaya bisa menthang, banjur didhaupake dening Dewi Shinta.
Srikandi
Dewi Wara Srikandi iku putrane Prabu Drupada, ratu ing Negara Pancala. Dewi Wara Srikandi iku salah sawijining prajurit wanita kang pinter manah. Ana ing perang Bratayuda, Srikandi bisa mateni Begawan Bisma.
Semar
Semar iku putune Begawan Ismaya. Semar dadi wong tuwane Punakawan. Semar duweni tugas momong satriya kang duwe watak becik ana ing ngarcapada.
Surtikanthi
Surtikanthi iku putrane Prabu Salya, ratu ing Mandaraka. Surtikanthi nate ngilang saka negarane, banjur ditemokake dening Suryatmaja (Adipati Karna). Surtikanthi lan Suryatmaja duwe putra Warsasena lan Warsakusuma.
Wisanggeni
Wisanggeni iku putrane Raden Janaka lan Bethari Dersanala. Wisanggeni ducemplungake ana ing kawah Candradimuka dening Bethari Durga, nanging ora mati, malahan malih dadi nduweni kadigdayan.

KAPUSTAKAN
Purwadi. 2007. Mengenal Gambar Tokoh Wayang Purwa. Suurakarta: CV. Cendrawasih.
Raharjo, Sugeng Haryo. 2008. Kawruh Basa Jawa Pepak (Enggal). Semarang: CV. Widyakarya.              
Sudjono, Irwan. 2000. Madu Sari Kawruh Wayang Purwa. Surakarta: CV. Cendrawasih.                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                  
http://jv.wikipedia.org/wiki/Wayang. Dipunakses tanggal 16 September 2011.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar