Karya : Mangkunegara IV
PUPUH I
P A N G K U R
Mingkar-mingkuring ukara, akarana
karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba
sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah
Jawa, agama ageming aji.
Jinejer ing Weddhatama, mrih
tan kemba kembenganing pambudi,mangka nadyan tuwa pikun, yen tan mikani
rasa, yekti sepi sepa lir sepah asamun,samasane
pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi.
Nggugu karsane priyangga, nora
nganggo peparah lamun angling,lumuh ingaran balilu, uger guru
aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun
samudana, sesadoning adu manis .
Si pengung nora nglegewa,
sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar angendukur, kandhane
nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha
ngalah, ngalingi marang sipingging.
Mangkono ilmu kang
nyata, sanyatane mung we reseping ati,bungah ingaran cubluk, sukeng
tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan sadina
dina, aja mangkono wong urip.
Uripa sapisan rusak, nora mulur
nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing maruta,
gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha, prandene
paksa kumaki.
Kikisane mung sapala, palayune
ngendelken yayah wibi, bangkit tur bangsaning luhur, lah iya ingkang
rama, balik sira sarawungan bae durung, mring atining tata krama, nggon-anggon
agama suci.
Socaning jiwangganira, jer katara
lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul, sumengah sesongaran,yen mangkono
kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawiran, nora enak iku kaki.
Kekerane ngelmu karang, kakarangan
saking bangsaning gaib, iku boreh paminipun, tan rumasuk ing jasad, amung aneng
sajabaning daging kulup, Yen kapengkok pancabaya,
ubayane mbalenjani.
ubayane mbalenjani.
Marma ing sabisa-bisa, babasane
muriha tyas basuki, puruitaa kang patut, lan traping angganira, Ana uga angger
ugering kaprabun, abon aboning panembah, kang kambah ing siang ratri.
Iku kaki takokena, marang para
sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus, kawawa nahen hawa, Wruhanira
mungguh sanjataning ngelmu, tan mesthi neng janma wreda, tuwin muda sudra kaki.
Sapantuk wahyuning Allah, gya
dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh mangukut, kukutaning
Jiwangga, Yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring sepuh sepi hawa, awas
roroning ngatunggil.
Tan samar pamoring Sukma, sinukma ya
winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu, Pambukaning waana, tarlen saking
liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena, sumusuping rasa jati.
Sajatine kang mangkono, wus kakenan
nugrahaning Hyang Widi, bali alaming ngasuwung, tan karem karamean, ingkang
sipat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane wong anom sami.
PUPUH II
S I N O M
Nulada laku utama, tumrape wong
Tanah Jawi, Wong Agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senopati, kepati amarsudi,
sudane hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, tanapi ing siyang ratri, amamangun karenak
tyasing sesama.
Samangsane pesasmuan, mamangun
martana martani, sinambi ing saben mangsa, kala kalaning asepi, lelana
teki-teki, nggayuh geyonganing kayun, kayungyun eninging tyas, sanityasa
pinrihatin, puguh panggah cegah dhahar, lawan nendra.
Saben nendra saking wisma, lelana
laladan sepi, ngisep sepuhing supana, mrih pana pranaweng kapti, titising tyas
marsudi, mardawaning budya tulus, mese reh kasudarman, neng tepining jala
nidhi, sruning brata kataman wahyu dyatmika.
Wikan wengkoning samodra, kederan
wus den ideri, kinemat kamot hing driya, rinegan segegem dadi, dumadya
angratoni, nenggih Kanjeng Ratu Kidul, ndedel nggayuh nggegana, umara marak
maripih, sor prabawa lan Wong Agung Ngeksiganda.
Dahat denira aminta, sinupeket
pangkat kanci, jroning alam palimunan, ing pasaban saben sepi, sumanggem
anjanggemi, ing karsa kang wus tinamtu, pamrihe mung aminta, supangate
teki-teki, nora ketang teken janggut suku jaja.
Prajanjine abipraja, saturun-turun
wuri, Mangkono trahing ngawirya, yen amasah mesu budi, dumadya glis dumugi, iya
ing sakarsanipun, wong agung Ngeksiganda, nugrahane prapteng mangkin, trah
tumerah darahe pada wibawa.
Ambawani tanah Jawa, kang padha
jumeneng aji, satriya dibya sumbaga, tan lyan trahing Senapati, pan iku pantes
ugi, tinelad labetanipun, ing sakuwasanira, enake lan jaman mangkin, sayektine
tan bisa ngepleki kuna.
Luwung kalamun tinimbang, ngaurip
tanpa prihatin, Nanging ta ing jaman mangkya, pra mudha kang den karemi,
manulad nelad Nabi, nayakeng rad Gusti Rasul, anggung ginawe umbag, saben saba
mapir masjid, ngajap-ajap mukjijat tibaning drajat.
Anggung anggubel sarengat, saringane
tan den wruhi, dalil dalaning ijemak, kiyase nora mikani, katungkul mungkul
sami, bengkrakan neng masjid agung, kalamun maca kutbah, lelagone dhandhanggendhis,
swara arum ngumandhang cengkok palaran.
Lamun sira paksa nulad, Tuladhaning
Kangjeng Nabi, O, ngger kadohan panjangkah, wateke tak betah kaki, Rehne
ta sira Jawi, satitik bae wus cukup, aja ngguru aleman, nelad kas ngepleki
pekih, Lamun pungkuh pangangkah yekti karamat.
Nanging enak ngupa boga, rehne ta
tinitah langip, apa ta suwiteng Nata, tani tanapi agrami, Mangkono mungguh
mami, padune wong dhahat cubluk, durung wruh cara Arab, Jawaku bae tan
ngenting, parandene pari peksa mulang putra.
Saking duk maksih taruna, sadhela
wus anglakoni, aberag marang agama, maguru anggering kaji, sawadine tyas mami,
banget wedine ing besuk, pranatan ngakir jaman, Tan tutug kaselak ngabdi, nora
kober sembahyang gya tininggalan.
Marang ingkang asung pangan, yen
kasuwen den dukani, abubrah bawur tyas ingwang, lir kiyamat saben hari, bot
Allah apa gusti, tambuh-tambuh solah ingsun, lawas-lawas graita, rehne ta suta
priyayi, yen mamriha dadi kaum temah nista.
Tuwin ketib suragama, pan ingsun
nora winaris, angur baya angantepana, pranatan wajibing urip, lampahan
angluluri, aluraning pra luluhur, kuna kumunanira, kongsi tumekeng semangkin,
Kikisane tan lyan among ngupa boga.
Bonggan kang tan mrelokena, mungguh
ugering ngaurip, uripe tan tri prakara, wirya, arta, tri winasis, kalamun
kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati
aking, temah papa papariman ngulandara.
Kang wus waspada ing patrap,
mangayut ayat winasis, wasana wosing Jiwangga, melok tanpa aling-aling, kang
ngalingi kaliling, wenganing rasa tumlawung, keksi saliring jaman, angelangut
tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma.
Mangkono janma utama, tuman tumanem
ing sepi, ing saben rikala mangsa,masah amemasuh budi, lahire den tetepi, ing
reh kasatriyanipun, susila anor raga, wignya met tyasing sesame, yeku aran wong
barek berag agama.
Ing jaman mengko pan ora, arahe para
turami, yen antuk tuduh kang nyata, nora pisan den lakoni, banjur njujurken
kapti, kakekne arsa winuruk, ngandelken gurunira, pandhitane praja sidik, tur wus
manggon pamucunge mring makrifat.
PUPUH III
P U C U N G
Ngelmu iku, kalakone kanthi laku,
lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangkese dur angkara.
Angkara gung, neng angga anggung
gumulung, gogolonganira triloka, lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi
rubeda.
Beda lamun, kang wus sengsem reh
ngasamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi
marto tama.
Taman limut, durgameng tyas kang weh
limput, kereming karamat, karana karohaning sih, sihing Sukma ngreda sahardi
gengira.
Yeku patut, tinulad-tulad tinurut,
sapituduhira, aja kaya jaman mangkin, keh pramudha mundhi dhiri lapel makna.
Durung pecus,kesusu kaselak besus,
amaknani lapal, kaya sayid weton Mesir, pendhak-pendhak angendhak gunaning
janma.
Kang kadyeku, kalebu wong ngaku-aku,
akale alangka, elok Jawane denmohi, paksa ngangkah langkah met kawruh ing
Mekah.
Nora weruh, rosing rasa kang
rinuruh, lumeketing angga, anggere padha marsudi, kana-kene kaanane nora beda.
Uger lugu, den ta mrih pralebdeng kalbu,
yen kabul kabuka, ing drajat kajating urip, kaya kang wus winahyeng sekar
srinata.
Basa ngelmu, mupakate lan panemu,
pasahe lan tapa, yen satriya tanah Jawi, kuna-kuna kang ginilut triprakara.
Lila lamun, kelangan nora gegetun,
trima yen kataman, sakserik sameng dumadi, trilegawa nalangsa srahing Batara.
Batara gung, inguger graning
jajantung, jenak Hayang Wisesa, sana paseneten Suci, nora kaya si mudha mudhar
angkara.
Nora uwus, kareme anguwus-uwus,
uwose tan ana, mung janjine muring-muring, kaya buta-buteng betah nganiaya.
Sakeh luput, ing angga tansah
linimput, linimpet ing sabda, narka tan ana udani, lumuh ala ardane ginawe
gada.
Durung punjul, ing kawruh kaselak
jujul, kaseselan hawa, cupet kapepetan pamrih, tangeh nedya anggambuh mring
Hyang Wisesa.
PUPUH IV
G A M B U H
Samengko ingsun tutur, sembah catur:
supaya lumuntur, dihin: raga, cipta, jiwa, rasa, kaki, ing kono lamun tinemu,
tandha nugrahaning Manon.
Sembah raga puniku, pakartine wong
amagang laku, susucine asarana saking warih, kang wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton.
Inguni-uni durung, sinarawung wulang
kang sinerung, lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit, mintoken kawignyanipun,
sarengate elok-elok.
Thithik kaya santri Dul, gajeg kaya
santri brahi kidul, saurute Pacitan pinggir pasisir, ewon wong kang padha
nggugu, anggere guru nyalemong.
Kasusu arsa weruh, cahyaning Hyang
kinira yen karuh, ngarep-arep urup arsa den kurebi, Tan wruh kang mangkoko iku,
akale keliru enggon.
Yen ta jaman rumuhun, tata titi
tumrah tumaruntun, bangsa srengat tan winor lan laku batin, dadi ora gawe
bingung, kang padha nembah Hyang Manon.
Lire sarengat iku, kena uga
ingaranan laku, dihin ajeg kapindhone ataberi, pakolehe putraningsun, nyenyeger
badan mwih kaot.
Wong seger badanipun, otot daging
kulit balung sungsum, tumrah ing rah memarah antenging ati, antenging ati
nunungku, angruwat ruweting batos.
Mangkono mungguh ingsun, ananging ta
sarehne asnafun, beda-beda panduk panduming dumadi, sayektine nora jumbuh,
tekad kang padha linakon.
Nanging ta paksa tutur, rehning tuwa
tuwase mung catur, bok lumuntur lantaraning reh utami, sing sapa temen tinemu,
nugraha geming Kaprabon.
Samengko sembah kalbu, yen lumintu
uga dadi laku, laku agung kang kagungan Narapati, patitis tetesing kawruh,
meruhi marang kang momong.
Sucine tanpa banyu, mung nyenyuda
mring hardaning kalbu, pambukane tata, titi, ngati-ati, atetetp talaten atul,
tuladhan marang waspaos.
Mring jatining pandulu, panduk ing
ndon dedalan satuhu, lamun lugu leguting reh maligi, lageane tumalawung, wenganing
alam kinaot.
Yen wus kambah kadyeku, sarat
sareh saniskareng laku, kalakone saka eneng, ening, eling, Ilanging
rasa tumlawung, kono adile Hyang Manon.
Gagare ngunggar kayun, tan kayungyun
mring ayuning kayun, bangsa anggit yen ginigit nora dadi, Marma den awas den
emut, mring pamurunging lelakon.
Samengko kang tinutur, sembah katri
kang sayekti katur, mring Hyang Sukma sukmanen sehari-hari, arahen dipun
kecakup, sembah ing Jiwa sutengong.
Sayekti
luwih prelu, ingaranan pepuntoning laku, kalakuan kang tumrap bangsaning batin,
sucine lan Awas Emut, mring alame alam amot.
Ruktine ngangkah ngukut, ngiket
ngrukut triloka kakukut, jagad agung gimulung lan jagad cilik, Den kandel
kumandel kulup, mring kelaping alam kono.
Keleme mawa limut, kalamatan jroning
alam kanyut, sanyatane iku kanyatan kaki, Sajatine yen tan emut, sayekti tan
bisa awor.
Pamete saka luyut, sarwa sareh
saliring panganyut, lamun yitna kayitnan kang mitayani, tarlen mung
pribadinipun, kang katon tinonton kono.
Nging aywa salah surup, kono ana
sajatining Urub, yeku urup pangarep uriping Budi, sumirat sirat narawung, kadya
kartika katongton.
Yeku wenganing kalbu, kabukane kang
wengku winengku, wewengkone wis kawengku neng sireki, nging sira uga kawengku,
mring kang pindha kartika byor.
Samengko ingsun tutur, gantya sembah
ingkang kaping catur, sembah Rasa karasa rosing dumadi, dadine wis tanpa tuduh,
mung kalawan kasing Batos.
Kalamun durung lugu, aja pisan wani
ngaku-aku, antuk siku kang mangkono iku kaki, kena uga wenang muluk,
kalamun wus pada melok.
Meloke ujar iku, yen wus ilang
sumelang ing kalbu, amung kandel kumandel ngandel mring takdir, iku den awas
den emut, den memet yen arsa momot.
Pamoring ujar iku, kudu santosa ing
budi teguh, sarta sabar tawekal legaweng ati, trima lila ambeh sadu, weruh
wekasing dumados.
Sabarang tindak-tanduk, tumindake
lan sakadaripun, den ngaksama kasisipaning sesami, sumimpanga ing laku dur,
hardaning budi kang ngrodon.
Dadya wruh iya dudu, yeku minangka
pandaming kalbu, inkang buka ing kijab bullah agaib, sesengkeran kang sinerung,
dumunung telenging batos.
Rasaning urip iku krana momor
pamoring sawujud, wujuddullah sumrambah ngalam sakalir, lir manis kalawan madu,
endi arane ing kono.
Endi manis endi madu, yen wis bisa
nuksmeng pasang semu, pasamaoning hebing kang Maha Suci, kasikep ing tyas
kacakup, kasat mata lair batos.
Ing batin tan keliru, kedhap kilap
liniling ing kalbu, kang minangka colok celaking Hyang Widi, widadaning budi
sadu, pandak panduking liru nggon.
Nggonira mrih tulus, kalaksitaning
reh kang rinuruh, ngayanira mrih wikal, warananing gaib, paranta lamun tan
weruh, sasmita jatining endhog.
Putih lan kuningpun, lamun arsa
titah teka mangsul, dene nora mantra-mantra yen ing lair, bisa aliru wujud,
kadadeyane ing kono.
Istingarah tan metu, lawan
istingarah tan lumebu, dene ing njro wekasane dadi njawi, raksana kang tuwajuh,
aja kongsi kabasturon.
Karana yen kebanjur, kajantaka
tumekeng saumur, tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi, dadi wong ina tan wruh,
dhewekw den anggep dhayoh.
PUPUH V
K I N A N T H I
Mangka kantining tumuwuh, salami
mung awas eling, eling lukitaning alam, wedi weryaning dumadi, supadi niring
sangsaya, yeku pangreksaning urip.
Marma den taberi kulup, angulah
lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking pambudi, bengkas
kahardaning driya, supadya dadya utami.
Pangasahe sepi samun, aywa esah ing
salami, samangsa wis kawistara, lalandhepe mingis-mingis, pasah wukir reksa
muka, kekes srabedaning budi.
Dene awas tegesipun, weruh
warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil rina wengi, kang
mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam sakalir.
Aywa sembrana ing kalbu, wawasen
wuwus sireki, ing kono yekti karasa, dudu ucape pribadi, marma den sembadeng
sedya, wewesen praptaning uwis.
Sirnakna semanging kalbu, den
waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuda saka satitik, pamotahing
nafsu hawa, jinalantih mamrih titih.
Aywa mamatuh malutuh, tanpa tuwas
tanpa kasil, kasalibuk ing srabeda, marma dipun ngati-ati, urip keh
rencananira, sambekala den kaliling.
Upamane wong lumaku, marga gawat den
liwati, lamun kurang ing pangarah, sayekti karendet ing ri, apese kasandhung
padhas, babak bundhas anemahi.
Lumrah bae yen kadyeku, atetamba yen
wis bucik, duwea kawruh sabodag, yen ta nartani ing kapti, dadi kawruhe
kinarya, ngupaya kasil lan melik.
Meloke yen arsa muluk, muluk ujare
lir wali, wola-wali nora nyata, anggepe pandhita luwih, kaluwihane tan ana,
kabeh tandha-tandha sepi.
Kawruhe mung ana wuwus, wuwuse
gumaib baib, kasliring titik tan kena, mancereng alise gatik, apa pandhita
antige, kang mangkono iku kaki.
Mangka ta kang aran laku, lakune
ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora jail, tan njurungi ing
kaardan, amung eneng mamrih ening.
Kunanging budi luhung, bangkit ajur
ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul wijining utami, nadyan bener
kawruhira, yen ana kang nyulayani.
Tur kang nyulayani iku, wus wruh yen
kawruhe nempil, nanging laire angalah, katingala angemori, mung ngenaki tyasing
liyan, aywa esak aywa serik.
Yeku ilapating wahyu, yen yuwana ing
salami, marga wimbuh ing nugraha, saking heb kang Maha Suci, cinancang pucuking
cipta, nora ucul-ucul kaki.
Mangkono ingkang tinamtu, tampa
nugrahaning Widhi, marma ta kulup den bisa, mbusuki ujaring janmi, pakoleh lair
batinnya, iyeku budi premati.
Pantes tinulad tinurut, laladane
mrih utami, utama kembanging mulya, kamulyaning jiwa dhiri, ora yen ta
ngeplekana, lir leluhur nguni-uni.
Ananging ta kudu-kudu, sakadarira
pribadi, aywa tinggal tutuladan, lamun tan mangkono kaki, yekti tuna ing
tumitah, poma kaestokna kaki.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar