Dynamic Blinkie Text Generator at TextSpace.net

Selasa, 18 Januari 2011

Tuladha Tanggap Wacana

PRANATACARA KESRIPAHAN
Assalamu’alaikum W. W

Innalillahi wa innaillaihi roji’un 3x.

Wonten pangarsanipun para sesepuh dalah pinisepuh ingkang tansah kawula hormati. Para pangemban pangembating praja satrianing nagari ingkang tansah sinudarsana saha pangersa wilayah dusun Sido Maju ingkang tansah kawula hormati, khususipun kunjuk dhumateng ngersa Allah SWT ingkang sampun paring kasarasan saha kanikmatan dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga kula lan panjenengan sedaya saget kempal manunggal wonten ing papan menika.

Para bapak, para ibu Mauziah Mauziin ingkang minulya, keparenga minangkani pamundhuting kaluwarga panandang musibah, kinen hangaturaken rerantamaning acara pametahing layon ing karenggan menika. Rehne handungkap titi wanci, tumunten badhe kula aturaken menggah laksitaning acara pakurmatan layon.

1. Acara ingkang sepisan inggih menika pambuka

2. Atur panuwun saking kaluwarga panandang musibah

3. Atur bela sungkawa saking wakil para pelayat

4. Atur bela sungkawa saking mitra makarya

5. Atur panglipur

6. Kalajengaken pambidhaling layon kanthi adat idiwilana ingkang sampun lumampah ing padesan saha katutup donga pambidhaling layon saking Bapak Sabdo.



Mekaten menggah reroncening acara pametahing layon wonten ing wekdal menika. Sumangga kula lan panjenengan sedaya miwiti acara menika kanthi waosan
bassmallah sesarengan kawula dherekaken.

Matur nuwun, acara ingkang sepisan sampun kalampah. Dungkap acara ingkang angka kalih inggih menika atur panuwun saking kaluwarga panandang musibah. Dhumateng Ibu Wening sumangga.

…………..

Matur nuwun. Ngancik acara ingkang angka tiga inggih menika atur bela sungkawa saking sesulihipun para pelayat. Wonten ing ngriki kawula suwunaken saking Ibu Monic. Dhumateng Ibu Monic sumangga.

…………….

Matur nuwun. Menggah acara salajengipun inggih menika atur bela sungkawa saking mitra makarya. Ingkang sepisan kawula suwuaken saking Ibu Anggun. Dhumateng Ibu Anggun sumangga.

……..

Matur nuwun. Kalajengaken atur bela sungkawa ingkang angka kalih, wonten ing ngriki kawula suwunaken saking Ibu Anis. Dhumateng Ibu Annis, sumangga.

………..

Cetha terwaca atur pambela sungkawa mugi dadosna kasobaran kaluwarga karana Allah. Acara salajengipun inggih menika atur panglipur. Wonten ing ngriki badhe dipun salirani dening Ibu Janti. Dhumateng Ibu Janti sumangga.

…………

Matur nuwun dhumateng Ibu Janti ingkang sampun paring atur panglipur. Kalajengaken pamberangkating layon tumujweng sasana laya. Dhumateng para kadang dipun mapanaken.

Mekaten menggah mauziah mauziin sedaya. Kula minangkani handerekaken lumampahing acara pametahing layon wonten tumpang sih anggenipun kawula matur, nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Wasana kawula akhiri,

Wassalamu’alaikum W.W

Nuwun.


ATUR BELA SUNGKAWA (MITRA KERJA) 1
Assalamualaikum wr. wb

Bapak-bapak, ibu-ibu saha sadherek-sadherek ingkang kinurmatan

Innalillahi wainnailaihi rajiun

Kula minangka wakilipun para mitra kerja, nderek bela sungkawa dhateng ahli waris keluarga bapak Karta Dimeja ingkang tembe pikantuk pacobaning Gusti kanthi konduripun bapak Karta Dimeja wonten ngayunaning pangeran ingkang Maha kuwasa.

Salajengipun ingkang kita suwun arwahipun almarhum bapak Karta Dimeja angsala berkah rahmating pangeran ingkang Maha agung. Pinaringana jembar kuburanipun saha pinaringana pajar marginipun, sageda dipunapunten sedaya kelepatan saha dosa-dosanipun.

Mugi-mugi sedaya kulawarga ingkang tinilar pinaringan sabar, tawakal saha pinaringan darmaning agesang wonten alam bebrayan. Mugi-mugi pinaringan manah ikhlas mila saha narima ing takdir. Jer manungsa punika namung nampi punapa ingkang dipunkersakaken pangeran. Manungsa menika namung titipaning pangeran ingkang sawanci-wanci kapundhut. Kita sedaya namung sadremi nglampahi asumarah wonten ngersanipun.

Wusana cekap semanten kemawon atur kula. Mbok bilih wonten klenta klentunipun rembak kula ingkang kirang mranani kula tansah nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamualaikum wr. wb


ATUR BELA SUNGKAWA (MITRA KERJA) 2
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak-bapak, ibu-ibu para takziyah ingkang dahat kinurmatan.

Langkung rumiyin mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah, wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kersa paring pinten-pinten kanikmatan awujud kekiyatan saha kasarasan saengga dinten menika kula panjenengan taksih keparingan penget dening Gusti Allah SWT.

Keparenga kula matur minangka sesulihipun kanca-kanca mitra makaryanipun bapak Karta Dimeja wonten Semarang, kaping sepisan ngaturaken nderek bela sungkawa awit saking sedanipun bapak Karta Dimeja. Ingkang salajengipun keparenga nderek ndedonga mugi-mugi suwargi bapak Karta Dimeja kaparingan pangaksama sedaya dosanipun, katampiya amal miwah kaesananipun nalika sugengipun saha tumuli kaparengaken lumebet ing kamulyan langgeng. Dene putra-wayah ingkang katilar mugi tumuli kaparingan lipur, pulih kados wingi saha saged nindakaken kewajibanipun gesang kados padatan, saya rukun anggenipun mangun bebrayan, nglajengaken kesaenanipun suwargi bapak Karta Dimeja.

Dene kala wau dipun ngendikakaken dening ingkang amakili ahli waris, mbok bilih nalika sugengipun bapak Karta Dimeja nate lepat dhateng kula sedaya, ngersakaken mundhut pangaksama, inggih sampun kula caosi pangapunten.

Kula kinten cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning rembak, kula tansah nyuwun agunging pangaksama.

Kanthi panutuping atur, billahi taufik wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun.



ATUR PANGLIPUR

Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh

Innalillahi wa innaillaihi roji’un 3x

Sedaya titah ing donya menika kagunganipun Allah swt. Mbok bilih sampun titi wancinipun ing samangke badhe kapundhut wangsul wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos.

Semanten ugi panjenenganipun almarhum Mbah Karta Dimeja ugi titahipun Allah swt. Ing titi wanci wekdal menika ngrumiyini kula lan panjenengan sami katimbalan sowan wonten ngayunanipun Allah swt. Mugi-mugi ndadosna pepenget dhumateng kula lan panjenengan.Amin.

Para sesepuh, pinisepuh ingkang kula bekteni dalasan para takziah sami ingkang kita kurmati, boten kesupen mangga kita tansah ngonjukaken raos puji lan syukur wonten ngarsa dalem Allah swt. Awit sedaya barokahipun saengga kula panjenengan sami saged makempal wonten ing papan dhuhkita punika kanthi wilujeng. Shalawat saha salam ugi tansah katetepna wonten ngarsa dalem Nabi Muhammad saw. ingkang tansah kita antu-antu safa’atipun.

Para takziah sami ingkang kita kurmati, kepareng matur wonten ngarsanipun ahli waris almarhum Mbah Karta Dimeja, kawula awit atas naminipun warga ing kukupan kampung Sidomaju saha para takziah sami :

ingkang sepisan : ngaturaken ndherek bela sungkawa ingkang saklebet-lebetipun saha ndherek dedonga awit sedanipun almarhum Mbah Karta Dimeja. Ingkang kaping kalih : ndherek dedonga mugi-mugi sowanipun almarhum Mbah Karta Dimeja dipuntampi sedaya amal kasaenanipun saha dipunkalebetaken seda ingkang khusnul khotimah. Para bapak saha ibu ingkang kita kurmati ingkang pungkasan mugi-mugi arwahipun almarhum Mbah Karta Dimeja saged kapapanaken wonten swarganipun Allah swt. saha ndherek dedonga mugi-mugi sedaya kulawarga lan ahli waris ingkang tinilar kaparingan sabar, ikhlas saengga saged nindakaken kuwajibanipun kados padatan.

Mekaten atur panglipur saking sedaya warga lan para takziah. Kirang langkungipun nyuwun agenging pangaksami. Akhirul kalam, billahit taufik wal hidayah, wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.

2 komentar:

  1. ありがとうございます。 Membantu tugas bahasa jawa saya :)

    BalasHapus
  2. Maturnuwun mugi katah manfaatipun

    BalasHapus