DHANDHANGGULA
1. Awignam astu namasidhi, sinidaa déra sang murbèngrat, kang anglimputi saraté, déné ulun mangayun, makirtya ring kanang palupi, lepiyan kang supadya, dumadya wuwuruk, ing suta wayah priyawak, sinengkalan Sapta Catur Swarèng Janmi, janma nis kumadama.
Kumadama memeksa mawardi, sanggyaning kang atmaja wus werda, widadaa sawadiné, mardi mardayèng sadu, sadarganing darsanèng urip, ngarep-ngarepa harja, harjaning tumuwuh, tuwuh tarlèn sekarira, ya marmanta mandaya mardamèng wangsit, wasita winatara.
Watara ring tutur amartani, martotama temen tinumana, ketamana ing tulatèn, tula-tula tumulun, tétélaa temah katali, talika winenangna, monang kang amangun, Yasadipura mangaran, wektyaning ngling hèh sanggya nak putu mami, yèki leksanakena.
Muhung kinarya pengéling-éling, laku lalakonirèng ngagesang, sun karya rolas warnané,
2. warna ingkang rumuhun, élinga yèn tinitah janmi, kapindho ingkang warna, élinga sutèngsun, yèn sinung sandhang lan pangan, warna ingkang kaping tri sira dèn éling, yèn kinèn angupaya.
Ing wetuning sandhang lan rejeki, akasaba saking tapak tangan, kaping sakawan warnané, paréntahé Hyang Agung, kinèn Islam manut Jeng Nabi, rasul nayakaningrat, warna kang limèku, busana lan pakaremen, warna kaping nenem slira dèna éling, lakuning pawong mitra.
Akakancan sasamining janmi, déné warna ingkang kaping sapta, yèn abukti nèng wismané, yèn turu yèn lumaku, késah saking wimanirèki, warna kang kaping astha, kurmat ing tatamu, kaping sanga rikang warna, wektuning ngling myang wektuning barang rusti, salamining ngagesang.
Warna kaping sadasa tinulis, yèn tumitah sira mring Hyang Suksma, gedhé kalawan ciliké, kaping sawelasipun, dèna éling titahing Widhi, sudaning kang darajat, gingsiring kang wahyu, apa ingkang dadya sebab, warna ingkang kaping rolas dipun éling, obah osiking jagad.
Jangkep kalihwelas ingkang warni, nahan warna kapisan kocapa, dèna éling salaminé, yèn tinitah sirèku, saking ora maring dumadi, dinadekken manungsa, metu saking henur, rira Jeng Nabi Mukhammad, katujuné nora tinitah sireku, dumadi sato kéwan.
3. Dèn agedhé sokurirèng Widhi, haywa lupa sirèng sanalika, dèn rumeksa ing nguripé, dèn madhep ing Hyang Agung, dèn apasrah haywa sakserik, manawa ana karsa, uripta pinundhut, ngaurip wasana léna, tan tartamtu cendhak dawaning ngaurip, haywa acipta dawa.
Haywa cipta cekaking ngaurip, yeku dudu ciptaning kawula, dawa cendhak wus papancèn, mung ciptaa sutengsun, mati ana sajroning urip, mangkono pan winenang, cipta kang saèstu, madhep kamawuleng suksma, tan sumelang ananira saking Widhi, widagdeng cipta maya.
Gantya warna ingkang kaping kalih, linahirken sira anèng dunya, sinung sandhang lan pangané, yèku sira dèn émut, tuwa sandhang kalawan bukti, lahiring kang manugsa, saking garbing ibu, jabang tan banjur dinulang, sayektine sandhang popok kang rumiyin, ya sandhang ya bok dunya.
Hiya pangan hiya bok rijeki, karo iku apan ta tariman, saking Hyang kang amurbèng rèh, bok dunya bojo sepuh, bok rijeki bojo taruni, dèn bisa momong sira, bariman ro iku, bok dunya garwanta tuwa, yèku ingkang milu urip milu mati, dé garwanta taruna.
Bok rijeki iku apan dadi, kuwat panganti-anti ngagesang, lire dèn bisa momonge, haywana kongsi
4. mutung, yèna purik tariman kalih, lungané luwih rikat, lir kilat sumemprung, tan bisa nututi sira, nungsang-nungsang dhuh rusak badanirèki, nistha brangta mangarang.
Rangu-rangu rongèh muring-muring, ringringané asalah grahita, yèn sisip-sisip sembiré, nir kamanungsanipun, sarupa lan kéwan wanadri, anyandhak-nyandhak tuna, gayuh-gayuh luput, saking tan betah tinilar, ing garwa ro temah ngrebut dèn lakoni, ing garwaning wong liyan.
Ngutil methet anyolong