Dynamic Blinkie Text Generator at TextSpace.net

Minggu, 08 Januari 2012

ATUR PASRAH PANINGSET

TULADHA ATUR  PASRAH PANINGSET
Assalamu’alaikum W. W
Dhumateng panenenganipun para pepundhen, para pinisepuh ingkang satuhu kula bekteni, para tamu kakung sumawana putri saha para pilenggah sedaya ingkang satuhu kinurmatan, para kadang wredha mudha ingkang tansah tinangsulan tangkebing raos pasedherekan ingkang kawula tresnani.
Nun inggih nyuwun pangapunten dene kula kumawantun nyigeg anggen panjenengan sedaya nedhengipun sami wawan pangandikan. Keparenga kula nyuwun wekdal sawetawis inggih saperlu nuhoni awit saking keparengipun Bp/Ibu Bambang sekalian, kinen hangaturaken
menapa ingkang dados pisungsungipun dhumateng ngarsanipun Bp/Ibu Susilo sekalian wonten ing mriki.
Namung saderengipun kula hangandharaken geganthaning sedya, langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan sedaya tansah ngunjukaken raos puja puji dalah syukur wonten ing Ngarsanipun Gusti Pangeran Ingkang Maha Agung, awit peparingipun rohmat saha kawelasan satemah kula panjenengan sedaya saged pepanggihan sapejagong kanthi wilujeng, nir ing sambekala.
Boten katalompen kula sarombongan ugi tansah ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene sowan kula sarombongan ing mriki katampi kanthi sae, satemah saged damel bombing lan mongkog bingahing manah. Wondene ingkang dados wigatosing gati pisowan kula sarombongan inggih menika sepisan kula mundhi dhawuhipun Bp Bambang sekalian ngaturaken salam taklim dhumateng Bp Susilo sekalian.
Dene ingkang kaping kalih, kados sampun dipunkawuningani bilih pun Bagus Haris Wiryanto, putranipun Bp Bambang sekalian sami-sami wonten sesambetaning raos kalian Dyah Ayu Anggraini, putra putrinipun Bp Susilo sekalian.
Awit saking menika, minangka jangkeping tata krami, sarta hanetepi adat idi widana ingkang lumampah wonten ing dusun mriki, kula kinen ngaturaken sawetawis pisungsung minangka tandha tetangsuling katresnan ingkang arupi:
-          Pirantos ngadi sarira abon-aboning busana kagem calon penganten putri, nadyan boten sepintena wujud sarta pangaosipun, ing pangajab sageda minangka tandha kayektosan saking calon penganten kakung.
-          Kalpika rukmi sarakit, minangka tetalining sih sutresna antawisipun penganten kakung lan penganten putri.
-          Arta kathahipun Rp. 2020,00 nadyan boten sepintena, kanthi pangajabing manah mugi sageda anambah racketing raos kekadangan.
Ing wasana, awit samudayannipun sampun kasowanaken wonten ing ngarsa panjenengan, pramila panjenenganipun Bp Susilo utawi ingkang nyalirani mugi kepareng hanampi kanthi lila legawaning penggalih.
Kawula kinten cekap semanten pamatur kawula. Menawi wonten kirang trapsila saha cewet ing atur cupeting basa, kula tansah hanyeyadhong samodra pangaksami.
Kawula akhiri, wabilaitaufik wal hidayah Wassalamu’alaikum W.W

5 komentar:

  1. Matur nuwun.... seratan menika sanget paring pambiyantu kangge kula. Nuwun sewu nderek kopi paste....

    BalasHapus
  2. Singkat padat .... Bagus sekali ...

    BalasHapus
  3. Sae sanget, singkat padhet....copy paste0

    BalasHapus
  4. mohon izin untuk copy paste semoga jadi amal baik.

    BalasHapus