“Mula
Bukane Kutha Tulungagung”
Dhek jaman biyen ana kulawarga sing manggon ana papan
mencil adoh saka karameyan. Kulawarga mau duwe anak siji, jenenge Agung. Bapak
lan ibune mung menehi jeneng ngono kuwi marang anake lanang. Panggonane adoh
saka omahe pendhudhuk liyane. Kiwa tengene mung alas gung liwang-liwung. Isih
akeh bukit-bukite barang. Pak Suta lann bojone ya ora ngerti panggonan kuwi
kebawah prajane sapa.
Pak Suta dalah kulawargane manggon ana ing gubug pring
sing cukup kuat. Si Agung duwe kucing ireng mulus
sing tansah setya melu kulawarga kuwi kawit cilik. Kucing ireng iku ditemu Pak Suta nalika mbebedhag kewan neng alas. Kucing mau dijenenengi Si Jlitheng. Agung gemati banget karo kucinge mau.
sing tansah setya melu kulawarga kuwi kawit cilik. Kucing ireng iku ditemu Pak Suta nalika mbebedhag kewan neng alas. Kucing mau dijenenengi Si Jlitheng. Agung gemati banget karo kucinge mau.
Kulawargane Pak Suta urip saka nenandur pala pendhem
neng pekarangan gubuge lan golek kayu obong neng alas. Kadhang kala Pak Suta
karo Agung ya golek buah-buahan sing akeh sumebar neng alas. Sak liyane kuwi, Pak Suta ya kerep
ngajak Agung mbebedhag kidang neng alas utawa golek iwak neng kali yen wayahe
akeh iwak. Pak Suta duwe prau cilik sing isa dinggo golek iwak.
Sawijining dina, Pak Suta niliki kayune sing wis
numpuk akeh. Dheweke katon ora jenjem. Kayune durung garing tenan. Saben dina
udan terus. Kamangka pasediyan berase wis wiwit nipis. Dheweke rangu-rangu
kapan isa menyang kutha adol kayune, njur tuku beras lan kebutuhan liyane.
Agung anake ya wis ngrengek-ngrengek njaluk ditukokake klambi anyar.
“Nyang apa ta, Pak? Ko kawit mau dak sawang ora jenjem
bae?” pitakone Bu Suta marang bojone.
“Aku pengin nyang kutha lan nukokake klambi anyar
kanggo si Agung, Bu. Nng kok ya mendhnge ngene. Kathik bendina udan terus,
kayune ya durung garing tenan.” Kandhane Pak Suta.
“Ya dienteni dhisik, Pak. Ben garing dhisik. Agung dak
rimuke supaya sabar.” Jawabe sing wadon.
“Pasediyan berasmu isih akeh Bu?” Pitakone Pak Suta
sabanjure.
“Paling cukup nggo telung dina, Pak.?” Semaure bojone.
“Yen ngono, gelem ra gelem aku sesuk kudu mangkat,
Bu,” kandhane Pak Suta maneh. “Muga-muga sesuk ora udan esuk-esuk kaya saiki.”
Kandhane karo menyat ngadeg. “Aku dak menyan kali golek iwak sik, Bu. Agung
endi?”
Bojone ngundang Agung. Sawetara wektu Agung wis teka.
Ora wetara suwe, bojo lan anake pamit lunga menyang kali golek iwak nganggo
praune. Dina sesuke, Pak Suta bener-bener mangkat nyang kutha. Esk kuwi hawane
rada padhang. Ora udan, masiya pedhut isih ngemuli kahanan esuk kuwi.
“Ati-ati ya Bu! Gung, kowe aja nakal ya nak! Turuti
pituture ibumu”. Pesene Pak Suta marang anake. Agung mung manthuk-manthuk karo
ngrangkul bapake.
“Ati-ati ya Pak. Aja lali nukokake klambi anyar Agung.
Klambiku wis akeh sik jebol!” Kandhane karo nguculi pangrangkule bapake. Pak
Suta ngaras bojone sedhela banjur pamitan ninggalake anak lan bojone.
“Ati-ati ya Pak!” Kandhane Bu Suta karo
dhadhah-dhadhah ditirokake si Agung. Bu Suta karo Agung ndeleng lungane Pak
Suta nganti ora katon maneh.
Embuh nyangapa dina kuwi atine Bu Suta ora jenjem
babar pisan. Padhahal wis bola-bali bojone lunga menyang kutha lan ninggalake
dheweke karo anake. Ning embuh kok dina kuwi rasane ora kaya biasane.
Pak Suta mangkat karo mikul kayune. Mlakune rada
digawe rikat kanthi pangajab ora kesuwen ana ndalan. Biyasane dheweke mung rong
ndina olehe menyang kutha. Budhal esuk-esuk, tekan kutha wis sore njur nginep
nggone mitrane sing ana kutha. Bubar kuwi yen dinane wis esuk maneh, dheweke
njur mangkat menyang pasar kanggo dodol kayune. Dheweke mung kari masrahne
kayune kuwi marang bakul langganane. Yen anggone dodolan wis rampung njur golek
mangan sedhela, njur nerusake laku. Bali mulih karo nggawa blanjane.
“Kok njanur gunung Dhi? Tekan kene isih awan ngene?”
Pitakone mitrane Pak Suta nalika ngerti tekane.
“Iya Kang, olehku mlaku dakgawe rikat. Soale ngerti
dhewe bendina udan terus. Karepku dina iki mengko dakpasrahake bakule pisan,
aku njur blanja pisan. Nginep kene wengi iki, lan sesuk esuk aku mruput bubar
subuh bali mulih” Kandhane Pak Suta.
“Ooh, ngono ta karepmu Dhi. Ya wis ngaso sauntara
dhisik, lagi neng pasar”. Kandhane mitrane maneh. Pak Suta mung nurut. Bubar
mangan bareng, Pak Suta karo mitrane bebarengan menyang pasar. Kancane Pak Suta
kuwi gaweyane ngopeni kewan-kewan omahan, kaya pitik, manuk, bebek lan
sapanunggalane. Neng kutha dina kuwi ora udan.
Sauntara kuwi, ana omahe Agung udane wis wiwit
riwis-riwis, lan sabanjure udane tansaya deres. Tambah awan udane tambah deres
banget kaya disokne saka langit. Swarane gludhug saut-sautan medeni lan gawe
miris sing krungu. Bu Suta lan Agung mung turon bae neng gubuge.
Nganti dina sesuke, udane durung mendha babar pisan.
Malah katon udan tansaya deres. Banyune kali wiwit bludag. Pekarangan omahe wis
wiwit kebanjiran. Bu Suta tambah ora jenjem. Apameneh yen mikirne bojone sing
lunga menyang kutha kathik kudu ngliwati alas-alas sing rungkut banget. Dheweke
donga muga-muga bojone ora nemu alangan apa-apa lan bali kanthi slamet ora
kurang sawiji apa. Dheweke donga terus-terusan neng jero ati. Ning udane ya
durung mandheg-mandheg.
Mara-mara ana bledheg nyamber gubuge lan kobong
saperangan., amarga gubuge mung saka pring sing ditata lan saperangan maneh
ditutup nganggo gedheg. Bu Suta bingung. Apa maneh anake isih turu. Swarane si
Jlitheng wis ngeong-ngeong ora karuwan. Si Jlitheng bener-bener kadhemen. Perangan
dhuwur awake wis kerendhem banyu lan kodanan. Bebarengan kuwi, mara-mara
bledheg nyamber-nyamber gubuge maneh. Banyu kali wis bludag. Bu Suta langsung
bengak-bengok ngundang anake. Awake wis wiwit kerendhem banyu nganti ndhadha,
kamangka dheweke ora bisa nglangi. Bu Suta bingung tenan lan terus
ngundang-undang jenenge anake. Si Jlitheng sing digendhong wis kadhemen lan
terus ngeang-ngeong.
“Agung, tuluuung Ibu nak! Tulung….tulung ibu nak!
Tuluung… Agung…. Tuulung ibu nak! Tulung……Agung! Tulung ibu nak! Kowe neng endi
nak???” Bu Suta terus bengak-bengok ngundang anake, Agung tetep durung katon.
Wong-wong saka kampung liyane sing padha ngungsi
nganggo prau, merga kampunge kebanjiran, padha krungu lan ngerti apa sing
ditindakake Bu Suta. Wong-wong mau banjur padha tiru-tiru ngundangi jenenge
Agung.
Ana sawijining prau sing nyedhaki panggonane Bu Suta
lan menehi pitulungan. Bu Suta munggah prau karo kucinge barang. Bu Suta karo
kucinge slamet. Nanging dheweke nangis lan terus ngundangi jenenge anake.
Wong-wong tansaya rame ngundangi jenenge Agung.
“Agung….tuluuung! Kowe nengendi nak! Agung….tulung ibu
nak!” bu Suta terus bengak-bengok. Wong-wong ya melu bengak-bengok ngundangi
Agung.
Ora watara suwe Bu Suta nangis trenyuh nalika saka
adoh dheweke ngerti anake dhadhah-dhadhah. Agung neng kene….Ibu..! aku neng
kene…! Swarane banter banget. Bu Suta tambah trenyuh wektu ngerti yen Agung
tibake ora dhewekan, ning pisan karo bapake. Agung karo bapake ketemu neng
cedhak kali nalika banyune bludag. Wektu kuwi bapake Agung wis bali. Bapake pas
njikuk prau kanggo nylametake Agung lan ibune.
Wong-wong padha melu seneng masiya bandha donya ora
ana sing bisa dislametake pas banjir kuwi. Ora ana korban nyawa. Wong-wong mau
dalah pak Suta lan kulawargane njur nerusake laku marang dhaerah lor sing ora
banjir.
Sawise ora udan lan ora banjir maneh, Pak Suta karo
bojone bali neng dhaerah asale lan miwiti urip anyar. Panggonan sing dipanggoni
kuwi saiki diwenehi tenger “Tulungagung” dijupuk saka ukara-ukara sing
dibengokake Bu Suta nalika ngundang anake njaluk tulung rikala banjir kae,
sarana pepenget lan pangeling-eling menawa papan kuwi nate kebanjiran, ning
kabeh sakluwarga slamet karana bengak-bengok kuwi.
Sateruse panggonan kuwi tansaya rame. Akeh wong neneka
sing sabanjure manggon neng kono. Tulung Agung sing ana rong pangucap dadi sak
pangucap Tulungagung supaya luwih gampang dieling-eling. Iku sing dadi mula
bukane kutha Tulungagung.
(Kapethik
saking buku BANDHA WARISAN: Antologi Dongeng Jawa kaca 35-38, penerbit Sanggar
Sastra Jawa Yogyakarta; Lembaga Kajian Budaya Surakarta; CV. Radhita Buana,
kanthi ewah-ewahan sawetawis).
makasih ya atas cerita di atas...
BalasHapusinggih..,sami-sami
Hapus