Dynamic Blinkie Text Generator at TextSpace.net

Minggu, 08 Januari 2012

ATUR PANGLAMAR

TULADHA ATUR PANGLAMAR
Kasugengan, rahmat saha berkahing Allah ingkang Maha Asih mugi tansah kajiwa kasarira dening para lenggah kakung sumawana putri ingkang minulya.
Dhumateng panjenenganipun Bapak…. sekaliyan saha Ibu…. ingkang kepareng amakili, miwah para rawuh ingkang dhahat kinurmatan.
Inggih awit
saking panguwaos dalem Allah saha pikantuk pangestu panjenengan sami, sowan kula wonten ngarsanipun Bapak…sekaliyan tansah winantu ing karaharjan, kalis saking sambekala.
Bapak… ingkang dhahat kinurmatan.
Keparenga kula ngaturaken wigatosing sowan kula wonten ngarsa panjenengan sekaliyan.
Ingkang angka sepisan, silaturahmi dhumateng panjenengan sakulawarga. Dene ingkang angka kalih, sowan kula dipunkantheni salam taklim saking Bapak…..sarimbit. mugi katur wonten ngarsanipun Bapak saha Ibu…..
Pramila mbokbilih wonten dhanganing penggalih saha wonten keparengipun, ingkang putra badhe kasuwun, kadhaupaken kaliyan putra kakungipun Bapak… sarimbit ingkang peparab pun….. pangajabpipun Bapak… sarimbit, putra kekalih sageda dados lantaran saya supeketing kekadangan antawis kulawarga kekalih.
Aturipun Bapak saha Ibu… ingkang pungkasan, mbokbilih panyuwunipun dipunkeparengaken, sadereng lan sasampunipun naming saged ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Mekaten atur kula minangka sulih sariranipun Bapak… sarimbit, mbokbilih wonten atur saha patrap ingkang boten nuju prana, inggih awit saking cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, keparenga panjenengan paring agunging pangaksami.
Matur nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar