Dynamic Blinkie Text Generator at TextSpace.net

Minggu, 08 Januari 2012

TULADHA CONGKOKAN


Praktek Congkokan
A: Kula nuwun?
B: Inggih, mangga mlebet. Kula aturi pinarak kanthi eca lan sekeca. Saksampunipun panjenengan lenggah, kula hangaturaken kasugengan awit rawuh panjenengan wonten ing griya kula.
A: Inggih mbakyu, pikantuk pangestunipun Gusti Pangeran, sowan kula ginanjar wilujeng, Alhamdulillah kula tansah pinaringan kawilujengan saha kabagaskuwarasan saking Gusti Ingkang Akarya Jagad.
B: Inggih syukur alhamdulillah menawi mekaten. Ehm, wonten wigatos menapa kok njanur gunung,
panjenengan rawuh wonten ing griya kula menika?
A: Mekaten mbakyu. Sowan kula ingkang sepisan silaturahmi, ngaturaken kawilujengan Mbakyu Janti sakulawarga. Kaping kalihipun, miturut kabar mbok bakul sinambi wara, menapa leres kagunganipun putra putri ingkang asesilih Dyah Ayu Anggraeni , sayektos taksih lamban, dereng winengku priyantun sanes?
B: Kasinggihan Dhimas, pangandika panjenengan leres bilih kula gadhah siwi putri ingkang asesilih Dyah  Ayu Anggraeni lan kaleres taksih lamban.
A: Beja kemayangan mbakyu menawi mekaten pangandikan panjenengan. Awit saking menika kula salar dhumateng panjenengan sarimbit, benjing dinten Rebo Legi, kulawarga Bapak Ibu Dartono ingkang kagungan putra sesilih Bagus Wiryanto badhe sowan dhateng dalemipun panjenengan, saperlu pun nontoni putra panjenengan ingkang asesilih Dyah Ayu Anggraeni.
B: Kasinggihan dhimas, menawi mekaten kersanipun, kula tengga rawuhipun Bapak Ibu  Dartono sakulawarga.
A: Kawula kinten anggenipun kawula sowan sampun sawetawis, lan ingkang dados panjurunging batos kula sampun kawedhar, kula badhe nyuwun pamit.
B: Inggih dhimas, menawi mekaten, kula ngaturaken sugeng kondur, lan kepareng atur salam taklim dhumateng Bapak Ibu Dartono sarimbit, saestu kula tengga rawuhipun wonten ing griya kula. Mugi dhimas tansah kaparingan kawilujengan dumugi dalemipun dhimas, nir ing sambekala. Sugeng kondur…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar