Dynamic Blinkie Text Generator at TextSpace.net

Minggu, 08 Januari 2012

DONGENG MULA BUKANE KUTHA TULUNGAGUNG

“Mula Bukane Kutha Tulungagung”
Dhek jaman biyen ana kulawarga sing manggon ana papan mencil adoh saka karameyan. Kulawarga mau duwe anak siji, jenenge Agung. Bapak lan ibune mung menehi jeneng ngono kuwi marang anake lanang. Panggonane adoh saka omahe pendhudhuk liyane. Kiwa tengene mung alas gung liwang-liwung. Isih akeh bukit-bukite barang. Pak Suta lann bojone ya ora ngerti panggonan kuwi kebawah prajane sapa.
Pak Suta dalah kulawargane manggon ana ing gubug pring sing cukup kuat. Si Agung duwe kucing ireng mulus
sing tansah setya melu kulawarga kuwi kawit cilik. Kucing ireng iku ditemu Pak Suta nalika mbebedhag kewan neng alas. Kucing mau dijenenengi Si Jlitheng. Agung gemati banget karo kucinge mau.
Kulawargane Pak Suta urip saka nenandur pala pendhem neng pekarangan gubuge lan golek kayu obong neng alas. Kadhang kala Pak Suta karo Agung ya golek buah-buahan sing akeh sumebar  neng alas. Sak liyane kuwi, Pak Suta ya kerep ngajak Agung mbebedhag kidang neng alas utawa golek iwak neng kali yen wayahe akeh iwak. Pak Suta duwe prau cilik sing isa dinggo golek iwak.
Sawijining dina, Pak Suta niliki kayune sing wis numpuk akeh. Dheweke katon ora jenjem. Kayune durung garing tenan. Saben dina udan terus. Kamangka pasediyan berase wis wiwit nipis. Dheweke rangu-rangu kapan isa menyang kutha adol kayune, njur tuku beras lan kebutuhan liyane. Agung anake ya wis ngrengek-ngrengek njaluk ditukokake klambi anyar.
“Nyang apa ta, Pak? Ko kawit mau dak sawang ora jenjem bae?” pitakone Bu Suta marang bojone.
“Aku pengin nyang kutha lan nukokake klambi anyar kanggo si Agung, Bu. Nng kok ya mendhnge ngene. Kathik bendina udan terus, kayune ya durung garing tenan.” Kandhane Pak Suta.
“Ya dienteni dhisik, Pak. Ben garing dhisik. Agung dak rimuke supaya sabar.” Jawabe sing wadon.
“Pasediyan berasmu isih akeh Bu?” Pitakone Pak Suta sabanjure.
“Paling cukup nggo telung dina, Pak.?” Semaure bojone.
“Yen ngono, gelem ra gelem aku sesuk kudu mangkat, Bu,” kandhane Pak Suta maneh. “Muga-muga sesuk ora udan esuk-esuk kaya saiki.” Kandhane karo menyat ngadeg. “Aku dak menyan kali golek iwak sik, Bu. Agung endi?”
Bojone ngundang Agung. Sawetara wektu Agung wis teka. Ora wetara suwe, bojo lan anake pamit lunga menyang kali golek iwak nganggo praune. Dina sesuke, Pak Suta bener-bener mangkat nyang kutha. Esk kuwi hawane rada padhang. Ora udan, masiya pedhut isih ngemuli kahanan esuk kuwi.
“Ati-ati ya Bu! Gung, kowe aja nakal ya nak! Turuti pituture ibumu”. Pesene Pak Suta marang anake. Agung mung manthuk-manthuk karo ngrangkul bapake.
“Ati-ati ya Pak. Aja lali nukokake klambi anyar Agung. Klambiku wis akeh sik jebol!” Kandhane karo nguculi pangrangkule bapake. Pak Suta ngaras bojone sedhela banjur pamitan ninggalake anak lan bojone.
“Ati-ati ya Pak!” Kandhane Bu Suta karo dhadhah-dhadhah ditirokake si Agung. Bu Suta karo Agung ndeleng lungane Pak Suta nganti ora katon maneh.
Embuh nyangapa dina kuwi atine Bu Suta ora jenjem babar pisan. Padhahal wis bola-bali bojone lunga menyang kutha lan ninggalake dheweke karo anake. Ning embuh kok dina kuwi rasane ora kaya biasane.
Pak Suta mangkat karo mikul kayune. Mlakune rada digawe rikat kanthi pangajab ora kesuwen ana ndalan. Biyasane dheweke mung rong ndina olehe menyang kutha. Budhal esuk-esuk, tekan kutha wis sore njur nginep nggone mitrane sing ana kutha. Bubar kuwi yen dinane wis esuk maneh, dheweke njur mangkat menyang pasar kanggo dodol kayune. Dheweke mung kari masrahne kayune kuwi marang bakul langganane. Yen anggone dodolan wis rampung njur golek mangan sedhela, njur nerusake laku. Bali mulih karo nggawa blanjane.
“Kok njanur gunung Dhi? Tekan kene isih awan ngene?” Pitakone mitrane Pak Suta nalika ngerti tekane.
“Iya Kang, olehku mlaku dakgawe rikat. Soale ngerti dhewe bendina udan terus. Karepku dina iki mengko dakpasrahake bakule pisan, aku njur blanja pisan. Nginep kene wengi iki, lan sesuk esuk aku mruput bubar subuh bali mulih” Kandhane Pak Suta.
“Ooh, ngono ta karepmu Dhi. Ya wis ngaso sauntara dhisik, lagi neng pasar”. Kandhane mitrane maneh. Pak Suta mung nurut. Bubar mangan bareng, Pak Suta karo mitrane bebarengan menyang pasar. Kancane Pak Suta kuwi gaweyane ngopeni kewan-kewan omahan, kaya pitik, manuk, bebek lan sapanunggalane. Neng kutha dina kuwi ora udan.
Sauntara kuwi, ana omahe Agung udane wis wiwit riwis-riwis, lan sabanjure udane tansaya deres. Tambah awan udane tambah deres banget kaya disokne saka langit. Swarane gludhug saut-sautan medeni lan gawe miris sing krungu. Bu Suta lan Agung mung turon bae neng gubuge.
Nganti dina sesuke, udane durung mendha babar pisan. Malah katon udan tansaya deres. Banyune kali wiwit bludag. Pekarangan omahe wis wiwit kebanjiran. Bu Suta tambah ora jenjem. Apameneh yen mikirne bojone sing lunga menyang kutha kathik kudu ngliwati alas-alas sing rungkut banget. Dheweke donga muga-muga bojone ora nemu alangan apa-apa lan bali kanthi slamet ora kurang sawiji apa. Dheweke donga terus-terusan neng jero ati. Ning udane ya durung mandheg-mandheg.
Mara-mara ana bledheg nyamber gubuge lan kobong saperangan., amarga gubuge mung saka pring sing ditata lan saperangan maneh ditutup nganggo gedheg. Bu Suta bingung. Apa maneh anake isih turu. Swarane si Jlitheng wis ngeong-ngeong ora karuwan. Si Jlitheng bener-bener kadhemen. Perangan dhuwur awake wis kerendhem banyu lan kodanan. Bebarengan kuwi, mara-mara bledheg nyamber-nyamber gubuge maneh. Banyu kali wis bludag. Bu Suta langsung bengak-bengok ngundang anake. Awake wis wiwit kerendhem banyu nganti ndhadha, kamangka dheweke ora bisa nglangi. Bu Suta bingung tenan lan terus ngundang-undang jenenge anake. Si Jlitheng sing digendhong wis kadhemen lan terus ngeang-ngeong.
“Agung, tuluuung Ibu nak! Tulung….tulung ibu nak! Tuluung… Agung…. Tuulung ibu nak! Tulung……Agung! Tulung ibu nak! Kowe neng endi nak???” Bu Suta terus bengak-bengok ngundang anake, Agung tetep durung katon.
Wong-wong saka kampung liyane sing padha ngungsi nganggo prau, merga kampunge kebanjiran, padha krungu lan ngerti apa sing ditindakake Bu Suta. Wong-wong mau banjur padha tiru-tiru ngundangi jenenge Agung.
Ana sawijining prau sing nyedhaki panggonane Bu Suta lan menehi pitulungan. Bu Suta munggah prau karo kucinge barang. Bu Suta karo kucinge slamet. Nanging dheweke nangis lan terus ngundangi jenenge anake. Wong-wong tansaya rame ngundangi jenenge Agung.
“Agung….tuluuung! Kowe nengendi nak! Agung….tulung ibu nak!” bu Suta terus bengak-bengok. Wong-wong ya melu bengak-bengok ngundangi Agung.
Ora watara suwe Bu Suta nangis trenyuh nalika saka adoh dheweke ngerti anake dhadhah-dhadhah. Agung neng kene….Ibu..! aku neng kene…! Swarane banter banget. Bu Suta tambah trenyuh wektu ngerti yen Agung tibake ora dhewekan, ning pisan karo bapake. Agung karo bapake ketemu neng cedhak kali nalika banyune bludag. Wektu kuwi bapake Agung wis bali. Bapake pas njikuk prau kanggo nylametake Agung lan ibune.
Wong-wong padha melu seneng masiya bandha donya ora ana sing bisa dislametake pas banjir kuwi. Ora ana korban nyawa. Wong-wong mau dalah pak Suta lan kulawargane njur nerusake laku marang dhaerah lor sing ora banjir.
Sawise ora udan lan ora banjir maneh, Pak Suta karo bojone bali neng dhaerah asale lan miwiti urip anyar. Panggonan sing dipanggoni kuwi saiki diwenehi tenger “Tulungagung” dijupuk saka ukara-ukara sing dibengokake Bu Suta nalika ngundang anake njaluk tulung rikala banjir kae, sarana pepenget lan pangeling-eling menawa papan kuwi nate kebanjiran, ning kabeh sakluwarga slamet karana bengak-bengok kuwi.
Sateruse panggonan kuwi tansaya rame. Akeh wong neneka sing sabanjure manggon neng kono. Tulung Agung sing ana rong pangucap dadi sak pangucap Tulungagung supaya luwih gampang dieling-eling. Iku sing dadi mula bukane kutha Tulungagung.
(Kapethik saking buku BANDHA WARISAN: Antologi Dongeng Jawa kaca 35-38, penerbit Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta; Lembaga Kajian Budaya Surakarta; CV. Radhita Buana, kanthi ewah-ewahan sawetawis).

2 komentar: